Jumat, 16 November 2018

Pambagyo Harjo

Pidato bahasa Jawa atur Pambagyo Harjo ing Temanten.
Contoh bisa dilihat dibawah,silahkan dibaca dan dipraktikkan pada acara pengantenan.
PAMBAGYO HARJO
Assalamualaikum wr.wb
     Dumateng panjenengan para sesepuh,pinisepuh ingkang satuhu kula bekteni.Sagunging para tamu undangan ing karahayon,serta para Werda muda ingkang Saha panter sinudarsana.
     Saderengipun kulo maturaken,sumangga panjenengan sedaya dherekaken munjuk puji syukur ing ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung inggih awit peparing nikmat,hidayah,inayahipun,kula panjenengan sedaya saget kempal wonten adicara punika tanpa alangan punapa-punapa.
     Wonten kaludhangan punika,keparenga kawula sawetawis paripaksa nggempil kaamardikan panjenengan sami ketemben lelenggahan saha wawan pangandikan karana mastuti dawuh kersanipun bapa Haryanto,kinen matur pinangka talanging basa sulih sarira.
     Ing madyaning penanggihan punika,bapa eka lumantar kula ngaturaken sugeng rawuh dumateng para tamu sedaya.Sugeng rawuh,sugeng lenggah.Mugi para rawuh kersa lenggah kanthi matdika ing penggalih.Ugi bapa Haryanti saestu ngaturaken wekdal kangge rawuh wonten adicara punika.
     Karawuhanipun para lenggah sedaya,panjenenganipun bapak Haryanto  nyuwun donga pangestu saha paseksen dumateng para lenggah sedaya.Mugi Temanten anggenipun bubar nggebyur bebayan ingkang sakinah,mawadah warahmah,saha Istiqomah.
     Dumateng para rawuh,bapa Haryanto sakeluargi ngaturaken agunging pangapunten menawi wonten kalepatan aruh,lungguh,suguh,saha mbokbilih anggen kula matur wonten kelintu,kula pribadi ngaturaken agunging samudra pangaksami.


Semoga naskah diatas dapat membantu dan bermanfaat.terimakasih sudah membaca.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar